Dumadine Desa tambakrejo purworejo

Kamis, 19 Desember 2013


Dumadine Desa Tambakrejo                     

Nalika jaman semanten kirang langkung taun sewu wolungatus loro, wonten priyagung ingkang asma loka jaya .Loka jaya menika salah satunggalipun pendherekipun pangeran diponegara, nalika semanten pangeran diponegara badhe dhateng magelang lewat desa ingkang nalika semanten wonten blumbang ingkang kangge warnani rasukan,ingkang dipunwastani mbabrik ingkang wonten dusun tambak boyo.
Loka jaya mboten dherek  pangeran diponegoro wonten magelang namung mapan wonten mbabrik.mila kasebat mbah mbabrik. ingkang samenika petilasan loka jaya kasebut mbah mbabrik ingkang dumugi samenika wanci wulan suro pasaran kliwon,di pengeti kanthi damel walimahan utawa kendhuri nyembeleh menda saha kewan ternak lan sapanunggalanipun.
Kanthi pangajab sedaya warga lan kasil tani saged mulya,murakati dumateng warga sedaya nalika wekdal semanten kinten kinten kalih dinten loka jaya mireng mbok bilih pangeran diponegoro dipun cekel walanda .
    Amargi kegelan loka jaya lajeng kepingin badhe nganyut tuwuh.salajengipun tindak dhateng sala tiang utawi loano.
Sabanjure wonten sala tiang nyemplung lepen bogowonto.
Loka jaya kendhang dumugi ci liwung  lepen sak kidulipun patilasan mbabrik ngantos temangsang wonten wit witan lajeng kawastanan patilasan ciliwung.
    Saksanesipun patilasan mbabrik saha patilasan ciliwung wonten makam ingkag kawastanan makam kujopati ingkang mapan wonten pinggir lepen bogowonto sakleripun patilasan mbah mbabrik .
     Kujopati menika pangeran saking ngayogjakarta wayahipun aryo bangah utawa bethara loano.amargi sedanipunn wonten kasebat ing inggil mila dipun wastani makam kujopati.
Wontenipun pangeran loka jaya ingkang manggen wonten ing mbabrik  tambak boyo sawetawis wekdal salajengipun tambak boyo dipun gantos nami tambakrejo amargi saking wontenipun kathah budaya mila dados regeng utawi rejo.
Ewondene ingkang dados panguasa ingkang wiwitan ingih menika demang mbah wongso dranoyo wonten ing jaman walandi. Ewondene ingkang dados panguasa ingkang kapindho inggih menika demang mbah wongso tinaya ing jaman walandi.
Kalajengaken wongso pawira  ing rikala jaman walandi kalihan jepang.sabanjure dipun terusaken kalihan wirye tinaya ing jaman penjajahan jepang.
    Kinten kinten taun 1970 raden nganten idun nglajengaken pamarintahan tambakrejo ngantos tau 1990.
Slamet riyadi dados lurah wonten ing taun 1995,aeng wiratno
Taun 1999.
    Bambang pulunggono nlajengaken pamarintahan wonten ing taun 2000 amargi seda ing taun 2011 bambang pulunggono digantosken marang lurah eko ngantos dumugi samenika




     





     






1 komentar:

Unknown Says:
1 April 2016 pukul 21.52

Ngapunten, niki angsal sumber saking pundi? Njenengan dalemipun pundi?

Posting Komentar